NGUNDHAKAKE KAWASISAN NULIS NASKAH DRAMAKANTHI METODHE DHISKUSI LUMANTAR RUBRIK CERITA CEKAK SAKA MAJALAHPANJEBAR SEMANGAT TAHUN 2015 TUMRAP SISWA KELAS VIII FSMP NEGERI 1 GONDANG TULUNGAGUNG

2016 
Supanji, Prof. Dr. Udjang Pairin M. Basir, M.PdPendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)Fakultas Bahasa dan SeniUniversitas Negeri Surabayakangpanji15@gmail.comABSTRAKNaskah drama minangka salah sawijining karya sastra saka jinis karya fiksi kang tujuwane kanggomedharake pamawas lan pangrasa adhedhasar prastawa tartamtu. Pamulangan nulis naskah drama nduwenikalungguhan kang penting sajrone kurikulum pendhidhikan tingkat SMP. Sajrone pamulangan nulis naskah dramaguru kudu bisa weneh tuladha kanthi apik lan bisa narik kawigatene siswa supaya bisa ditampa lan diremeni deningsiswa.Asil observasi kang katindakake ing 10 Agustus 2015 cacahe ana 18 siswa saka 27 siswa kang ngrasakangelan sajrone pamulangan nulis naskah drama. Bab iki jalaran siswa durung ngerti tata cara nggawe naskahdrama, bingung nemtokake tema, garis besar naskah drama, lan crita naskah drama. Bab kasebut njalari siswakangelan sajrone nulis naskah drama, ditambah maneh kurange sumber pasinaon kang bisa dienggo arahan nulisnaskah drama kanthi basa Jawa. Underane panliten ing panliten iki yaiku: (1) Kepriye undhak-undhakanekatrampilan guru kelas VIII F SMPN 1 Gondang anggone nulis naskah drama lumantar rubrik Cerkak ing majalahPanjebar Semangat?; (2) Kepriye undhak-undhakane aktivitas siswa kelas VIII F SMPN 1 Gondang anggone nulisnaskah drama lumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat?; (3) Kepriye undhak-undhakane katrampilannulis naskah drama siswa kelas VIII F SMPN 1 Gondang lumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat?Ancas panliten iki, yaiku kanggo ngandharake undhak-undhakan kawasisan nulis naskah drama siswa kelasVIII F SMPN 1 Gondang lumantar rubrik Cerkak ing Majalah Penjebar Semangat. Mligi tujuwan panliten iki, yaiku(1) ngandharake undhak-undhakan katrampilan guru sajrone pamulangan nulis naskah drama lumantar rubrikCerkak ing majalah Panjebar Semangat, (2) ngandharake undhak-undhakan aktivitas siswa sajrone pamulangannulis naskah drama lumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat, lan (3) ngandharake undhak-undhakanasil pasinaon nulis naskah drama lumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat.Panliten iki katindakake ing rong siklus. Siklus I minangka pangetrapan pamulangan nulis naskah dramalumantar rubrik Cerkak ing majalah Panjebar Semangat. Siklus II minangka tindakan revisi saka kurange siklus Iadhedhasar asil pengamatan lan observasi. Saben siklus kaperang saka patang tahap, yaiku (1) perencanaantindakan, (2) tindakan/implementasi, (3) observasi, lan (4) refleksi tumrap kagiyatan pamulangan.Asil observasi lan tes sajrone pasinaon siswa kelas VIII F SMPN 1 Gondang ing siklus I menyang siklus IIngalami undhak-undhakan kang signifikan. Asil observasi katrampilan guru ing siklus I ngasilake skor 22 kategoricukup mundhak ing siklus II oleh skor 36 kanthi kanthi kategori apik banget. Aktivitas siswa ana undhak-undhakan,saka rata-rata aktivitas siswa 13.4 kanthi kategori cukup Sajrone siklus I, mundhak dadi 22 ing siklus II kanthikategori apik. Katrampilan siswa nulis naskah drama mundhak, ing prasiklus ketuntasan pasinaon ngancik angka33% biji rata-rata 59,1 , ing siklus I dadi 51,9%, kanthi biji rata-rata 66,5, lan prosentase ketuntasan sajrone siklus IIyaiku 81,5% kanthi biji rata-rata 80,1.Dudutan pamulangan nulis naskah drama Kanthi Metodhe Dhiskusi lumantar Rubrik Cerita Cekak sakaMajalah Panjebar Semangat tahun 2015 tumrap Siswa Kelas VIII F SMPN 1 Gondang Tulungagung ngalami
    • Correction
    • Cite
    • Save
    • Machine Reading By IdeaReader
    0
    References
    0
    Citations
    NaN
    KQI
    []