TRADHISI SAJRONE SERAT NARPAWANDAWA SURAKARTA

2013 
IKA SULISTIANI PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA Abstrak Serat Narpawandawa Surakarta mujudake sastra Jawa kraton, amarga sajrone serat kasebut medharake asil kabudayan saka masyarakat Jawa kang urip lan ngrembaka ing lingkungan kraton. Reriptan sastra iki kang medharake bab tradhisi-tradhisi kang dumadi sajrone kraton Surakarta minangka pangenget-enget tumrap sanak sedulur Kraton Surakarta. Serat iki patut didadekake panliten amarga sajrone serat ngandhut perangan kang mligi arupa tradhisi lan nilai-nilai, kang bisa didadekake patuladhan uripe masyarakat Jawa. Adhedhasar babagan kasebut nyengkuyung panliti kanggo nintingi serat Narpawandawa Surakarta lumantar underan ngenani: (1) Kepriye idhentifikasi serat Narpawandawa Surakarta, (2) Apa wae tradhisi kang tinemu sajrone serat Narpawandawa Surakarta, lan (3) Apa wae nilai kang kinandhut sajrone serat Narpawandawa Surakarta. Ancas saka panliten iki, adhedhasar underan ing ndhuwur, kanggo ngandharake wujude tradhisi-tradhisi kang tinemu sajrone serat. Panliten iki dikarepake bisa menehi paedah tumrap panliti lan pamaos. Panliti dikarepake bisa nambah kawruh ngenani pangetrapane teori sastra, mligine sajrone serat Narpawandawa Surakarta, lan luwih mahami isi sarta tradhisi-tradhisi kang ana sajrone serat kasebut. Dene pamaos dikarepake bisa njembarake kawruh lan seserepan ngenani sastra klasik lan nggampangake pamaos kanggo mahami sistem panguripane masyarakat Jawa mligine tradhisi-tradhisi kang ana sajrone serat kasebut. Panliten iki nggunakake landhesan teori kabudayan universal ngenani pitung sistem yaiku (1) sistem religi lan upacara keagamaan, (2) sistem organisasi kemasyarakatan, (3) sistem pengetahuan, (4) sistem basa, (5) sistem kesenian, (6) sistem pakaryan, lan (7) sistem teknologi lan piranti, kang diandharake dening Koentjaraningrat kanggo nintingi tradhisi kraton kang tinemu sajrone serat. Saliyane iku, kanggo ngrembug lan ngandharake prekara kang ana sajrone serat nggunakake teori hermeneutik yakni karya sastra perlu ditafsirake jalaran nggunakake basa, amarga sajrone basa mau ana makna kang kasimpen utawa sengaja disimpen kanggo kepentingan tartamtu, kang diandharake dening Ratna. Tintingan tumrap serat kasebut nggunakake metode deskriptif kualitatif. Sumber data kang digunakake yaiku serat Narpawandawa Surakarta kang asale saka kapustakan pribadi kagungane Bapak Agus Prasmono, dene data kang digunakake yaiku tembung, ukara, lan wacana kang mujudake anane tradhisi sajrone kraton Surakarta. Panliti tumindak minangka instrumen sajrone panliten iki. Teknik pangumpule data yaiku metode pustaka, teknik maca, alih aksara lan nyathet. Teknik pangolahe data nggunakake metode deskriptif analisis. Adhedhasar asile panliten ngenani idhentifikasi naskah bisa diweruhi kahanane serat isih apik, serat dumadi saka 64 kaca, wujude gancaran lan wujud tembang namung ana ing perangan ngarep. Tulisane nggunakake media cetak, wujud tulisane aksara Jawa, ana saperangan kang awujud gambare Pakubuwana kanggo nyethakake andharane serat. Tradhisi kang tinemu ing serat kasebut yaiku: (1) Tradhisi Mahesa Lawung, (2) Tradhisi Grebeg ana telu yaiku Grebeg Mulud, Grebeg Syawal, lan Grebeg Besar, (3) Tradhisi Rampog Macan. Saliyane iku uga ditemokake tradhisi liya kang katindakake ing kraton, yaiku: (1) Tradhisi Mitoni, (2) Tradhisi Tedhak Siten, (3) Tradhisi Supitan, lan (4) Tradhisi Mantenan. Sajrone serat kasebut ngandhut nilai-nilai. Nilai-nilai kang kinandhut yaiku (1) nilai sosial, (2) nilai didaktis, lan (3) nilai filsafat.
    • Correction
    • Cite
    • Save
    • Machine Reading By IdeaReader
    0
    References
    0
    Citations
    NaN
    KQI
    []